RUH KEHIDUPAN BERSEMAYAM PADA KETULUSAN CINTA...KARENA CINTA SEMESTA TERCIPTA

Bila rasa membius kalbu
Tentu jiwa slalu merindu
Andai hati tertawan asmara
Bisakah jiwa membohonginya
Bila sebagian hati menanti
Tentu setengahnya lagi menunggu
Andai separuh hati slalu terjaga
Bisakah sebagian lagi melupakanya
Bila hati jatuh merana
Tentu jiwa lebih tersiksa


( ...ungkap Rangga akan perasaannya pada Rani.... )

Kekasihku...
Apa yang bisa kuperbuat
Aku hanya wanita yang tertawan api cinta
Wanita yang hatinya telah tercuri
Apa yang diinginkan selain ingin cepat bertemu dengan si pencuri hati
Yang syair - syairnya laksana kidung surgawi yang mengalun lembut di telingaku
Yang membuat hanyut bahtera jiwaku di tengah lautan perasaan yang tak bertepi


( ...kata ketulusan Rani di tengah kerinduannya pada Rangga..... )

Selasa, 13 Juli 2010

KIDUNG ASMARA ( versi bahasa jawa )

I. SYAIR

a. SEKAR AYU

Mendhung kang gumantung tansaya nggegulung
Rinangket angin gumulung kang ndadekke ati bingung
Mega kinepung pedhut, binarung udan kang nggawe tambah bingung
Gegodhongan mabur sinawur tanpa pepanggon lan paran
Tan krasa gumrojog sakabehing panelangsane jiwa
Gumuruh swaraning ati kang karanta-ranta
Prasasat kidung asmaradana tan bisa dadi panglipuring papa
Serat Ronggowarsito tan kuwawa dadi jampining sungkawa saumpama
Ginubel adhem kinemul nyenyep kang nyusup njero sumsum
Nggawa ibaning ati kang nglunturke tetesing eluh trenyuh
Jeriting nyawa kang tan bisa sinengguh prasaja
Pindha panandhang lara kang tan bisa di usada

Cah ayu…
Yen ana adheme angin kang sumribit ngelus alusing kulitmu
Iku jerone kangenku kang tansah nganti-anti tekamu
Jerone kangen kang tansah memuji bisa nyanding mring sliramu
Prasasat rina kang nora kuwawa tininggal mring sang ratri
Pindha baskara kang tansah gumandheng mring sasongko

Cah ayu…
Yen ana pedhut rinajut udan kang ngrekes ati
Binarung gegumuling mendhung kang nyaput pucuking gunung
Iku gambaran piluting asmara kang tansah nggraita sliramu
Kang tansah kesengsem atiku yen ta krungu swaramu
Kaya tembang kasmaran kang ngebaki endahe lamunanku
Kang tansah ngridhu kangenku yen nyawang esemmu
Kaya memanise widodari kang tumurun satengahe bumi saumpama
Yen cinandra pindha Dewi Ratih kang dadi pepujane jagad raya

Cah ayu…
Yen rinasa adhem ing wayah esuk kang kumrekes sinaput kabut
Rinias tumetese banyu bun kang cumlorot ing pucuke gegodhongan
Iku cumloroting katulusanku kang linukis sajroning tresnaku
Kang tansah setyo ngenteni praptamu...

Sinaoso kedah tinunggu sawindu

Cah ayu…
Yen ana suruping rina kang kairing sileping surya ing tembe sore
Rineka mring sumilir angin kang ngudal sakabehing lelamunan
Iku aku kang tan kendat ngirim pepuji mring sliramu
Wong ayu kang tansah sumandhing ana impenku
Wong ayu kusumaning ati kang kagadhang ana telenging ati

Cah ayu…
Yen ana lingsiring wengi rinajut weninge tengah dalu
Pinaes mring kidunging ratri kang ndadekke nglangute ati
Iku aku kang lagi nyungging kangenku mring endah manismu
Iku aku kang lagi memuji tresna sejatiku kanggo sliramu
Datan kendha sanajan bumi kapegat samudra
Datan sirna sinaoso kartika papisah mring sasongko


Cah ayu…
Leganono aku kang tansah larung wuyung sajroning wangimu
Leganono atiku kang tansah gandrung kayungyun mring kasulistyanmu
Sinaoso namung nyawang esemu lan ngelus alusing warnamu
Utawi saged andum asmara kang tan winates dening wektu

b. CAH AYU... ( kangenku )

Cah ayu…
Wis telung wengi... sun ngupadi sliramu
Sanajan mung telung wengi...
Trenyuhing kalbu pindha sewindu
Atiku sepi…
Kaya reca satengahing wana
Atiku sepi…
Kaya bumi tan sinungan jalmi
Atiku sepi…
Kaya nisan satengahing kuburan


Cah ayu…
Wis telung wengi... sun ngupadi sliramu
Sanajan mung telung wengi...
Trenyuhing kalbu pindha sewindu
Tumetes luh kang nora krasa
Ati keranta - ranta temah nelangsa
Gedhe kangenku tan bisa di umpama
Perih… sambating sukma kang nggedruk dada


Cah ayu…
Mung sliramu kang dadi tresnaku
Mung sliramu kang dadi atiku
Mung sliramu kang dadi nyawaku
Wong manis pepujanku…
Aku kang tansah ngenteni sliramu
Aku kang tansah nangisi sliramu
Aku kang nora tega yen ta sliramu nemahi sudra
Aku kang nora rila yen ta sliramu kelara - lara

c. Tresna ing Kali Grindulu

Jam 6 esuk wektu iku…
Kairing sumunaring baskoro ing pungkasan mangsa ketigo
Pinaes banyu mili ing kali grindulu
Kang gumrojog nggawa gedhening rasa tresna
Kaliput jeroning kangen kang ngebaki dada
Duhh wong ayu…
Nora bisa tak selaki
Tan kuasa tak inggati
Yen sliramu tansah angreridu ing atiku
Yen sliramu dadi nyawa sajroning uripku

Jam 6 esuk wektu iku…
Kairing sumunaring baskoro ing pungkasan mangsa ketigo
Gumrojoging banyu kali grindulu saksi bisu
Gedhene tresnaku lan kangenku
Duhh wong ayu…
Tak elingake mring sliramu
Marang janji - janji lan sumpahmu
Marang tekad lan prasetyamu
Kang bakal urip bebrayan klawan aku
Kang bakal ngiket tali kaluwargan klawan aku
Mung sliramu kang tak upadi sajroning uripku
Mung sliramu kang dadi atiku
Ora ono kang tak arep - arep sajroning ati
Ora ono kang tak aboti..
Kejaba sliramu…
Lan benere janjimu

2 komentar:

  1. The Best 8 Casinos in Los Angeles (with Reviews)
    1 평택 출장샵 Casino at the Fremont 영천 출장샵 Street Experience - Visit the casino and get a taste of the locals vibes 포천 출장안마 in a neighborhood at Fremont Street. 속초 출장샵 See 천안 출장안마 full reviews,  Rating: 4 · ‎3 reviews

    BalasHapus